TEKS PAWARTA
1. Pangertian Teks Pawarta
Pawarta yaiku kedadeyan nyata kang aktual, kedadeyane ora dinuga, lan narik kawigaten wong akeh.
2. Titikane Pawarta
Titikan utawa ciri-cirine pawarta yaiku isine ngemot kabar lan nyritakake sawijine prastawa.
Basa prastawa nduweni sipat khas yaiku, cekak gampang dimangerteni, padhet, prasaja, lancar, cetha, lan narik kawigaten.
3. Jinis Pawarta
- Prastawa lisan : prastawa sing diwartakake dening wong marang sing miyarsa lumantar swara. Kayata ana ing TV, radio, lan internet
- Prastawa tulis : prastawa sing diwartakake lumantar tulisan. Kayata ana ing koran, majalah, tabloid, website.com, lan sapituture.
Pawarta iku kudu ngemot unsur-unsur 5W + 1H (apa, sapa, ana ngendi, kapan, geneya/kena ngapa, lan kepriye) supaya pawarta kuwi diarani jangkep informasine.