TEKS NARASI
Teks narasi utawa teks karangan yaiku teks
wacan kang nyeritakake kedadean kanthi urut utawa kronologis.
Ø Titikan Utawa Ciri-Ciri Teks Narasi
1.
Isine babagan crita utawa kisah tertamtu
2.
Urutane crita cetha lan jelas
3.
Duweni konflik utawa pasulayan sajroning crita
4.
Duweni unsur pambentuk (tema, latar, alur,
paraga)
Ø Struktur Teks Narasi
1. Orientasi : Bagean karangan narasi kang isine ngenalake paraga (tokoh) lan latar
(panggon, wektu, lan kedadean) crita
2. Komplikasi : Bagean kang ngamot prakara-prakara kang ana sajrone crita
3. Resolusi : Bagean kang ngemot cara ngrampungi konflik
4. Koda : Bagian narasi paling akhir, bisa sedhih utawa gumbira
Ø Jenis Teks Narasi
1. Narasi Ekspositoris : Karangan narasi kang nduweni tujuwan kanggo menehi
informasi pamaca supaya tambah jembar kawruhe.
Tuladha : autobiografi lan biografi
 |
| Autobiografi |
 |
| Biografi |
2. Narasi Sugestif : Karangan narasi kang asale lumantar daya khayal utawa imajinasi.
Tuladha : novel lan crikak (crita cekak).
 |
| Novel |
 |
| Crikak (Crito cekak) |
Jenis-jenis teks iku ana lima (5), ing ngisor
iki bedane saben teks kuwi:
|
Jinis Teks
|
Bedane
|
|
Narasi
|
Njlentrehake saweneh kedadean manut urutan
wektune
|
|
Dheskripsi
|
Menehi gambaran samubarang marang kang maca,
nganti sing maca kaya ngrasakake, nyawang, ngrungokake, lan ngalami dhewe.
|
|
Argumentasi
|
Njlentrehake saweneh bab kanthi bukti-bukti
kang kuwat, nganti sing maca melu mbenerake lan yakin marang bab kasebut.
|
|
Eksposisi
|
Nerangake saweneh informasi tartamtu kancas
pamaca utawa pamireng oleh wawasan utawa ilmu pengetahuan.
|
|
Persuasi
|
Ngajak-ngajak supaya sing maca utawa sing
mireng percaya lan manut marang isine.
|